BARATAYUDA JAYA BINANGUN
Dawuh Resi Wiyasa marang para wayah Pendowo :
Aja kaget para wayahku Pandhawa, kowe kabeh padha sumurupa. Aku nampa sasmita saka dewa, antarane Pandhawa lan Kurawa wus kaweca bakal manjing dadi satru bebuyutan. Ing mbesuk kowe bakal nemoni paprangan kang giedhiiii biyanget disekseni jagad gumelar sinebut Baratayuda Jaya Binangun."Harya Bimasena banjur takon: "Sapa kang bakal menang, Pandhawa apa Kurawa?"Rsi Wiyasa njawab ririh: "Mangertiya ngger, wecaning Jawata, kang bakal unggul yaiku para satriya kang awatak sabar, santosa, lila, legawa. Mula wayahku, kowe kabeh bisoa nyirep hardaning kanepson, dimen bisa uwal saka sambekalaning lelakon."Isih diteruske paring wejangan, iki kang perlu diwigatekake:"Elinga ya ngger, tedhasing panggayuh mono kudu linambaran weninge karsa alelandhesan kadhewasaning kapribaden. Kowe iku satriya tedhaking narendra mara tapa lan turasing handana warih. Ngrumangsanana lamun sira iku titahe Hyang Widhi Wasesa Tunggal. Kowe wajib sumungkem lan wedi, asih marang sesembahanmu. Suwunen sih lan kamurahane kanthi nalongsa.""Poma den eling ngger, kasembadaning panggayuh mono ora mung cukup disaranani nangis lan donga wae. Hananging kudu kok udi kanthi anggelar nalar lan tumandhanging karya. Lamun kowe wis pramana ing budaya, dhuh ngger, ora-orane yen kowe kasoran, dak pepuji amrih kowe kang bakal unggul ing palagan Bharatayuda Jaya Binangun."
Jangan kaget para cucuku Pendowo, ketahuilah bahwa saya menerima pertanda dari Dewa, antara Pendawa dan Kurawa sudah ditakdirkan sebagai musuh bebuyutan. Besok kalian akan menemui peperangan yang sangat besar sekali di saksikan dunia seisinya disebut perang Baratayuda Jayabinangun.
Harya Bimasena bertanya : Siapa yang bakal menang, Pandawa atau Kurawa ?
Resi Wiyasa menjawab dengan pelan,; “ mengertilah nak, kekasih Tuhan, yang bakal menang yaitu para satriya yang berwatak sabar, santosa, ikhlas, legawa. Oleh karena itu para cucuku semua berusahalah selalu meredam hawa nafsumu, biar kalian semua bisa terbebas dari berbagai macam aral/musibah kehidupan dunia.
“Ingat ya cucuku !! tercapainya cita-cita itu harus disertai jernihnya/tulusnya niat, berlandaskan kedewasaan kepribadian. Kalian itu satriya keturunan para bangsawan, segeralah bertapa/bermunajah sembari bertaubat. Merasa bahwa kalian itu mahkluk ciptaan Yang Maha Kuasa Tunggal. Kalian wajib menyembah dan takut, mencintai Tuhanmu. Mohon kasih sayang serta kemurahanNya dengan sungguh-sungguh.”
“Ingat dan camkan cucuku, tercapainya cita-cita tidak cukup hanya dengan berdoa dan menangis saja, tetapi harus selalu berusaha dan ikhtiyar, bekerja dan berkarya. Jika kalian sudah dewasa dan hidup di masyarakat, duh cucuku, setidaknya kalian tidak akan kalah/gagal, Ku turut memohon kepada Tuhan semoga kalian menjadi pemenang dalam lapangan Baratayuda Jayabinangun”
Nabi Muhammad bersabda : Perang yang besar adalah perang melawan hawa nafsunya sendiri !!
No comments:
Post a Comment